"Balik Sekolah"
TUGAS BASA JAWA - TEKS CERKAK
Pangripta : Adam Chesar Gunawan (01) Ahmad Rizal Afrian (03)
Kelas XII MIPA 1 - SMAN 3 LUMAJANG
“ BALIK SEKOLAH “
Putus
cinta iku,
nglarani atiku lan nggae atiku rapuh, opomane putus cinta e gara-gara awakku
lan pacarku bedo agama.
Padane
Romeo lan Juliet, sing kudu putus cinta
gara-gara uwong tuwane gak setuju. Nasibku karo Mona yo koyo ngunu kuwi, Ibuke
Mona mulai awal wes gak seneng lek Mona pacaran, opomaneh lek pacare (aku) bedo
agama karo Mona.
Mona wis 3 tahun ngisi dino-dinoku,
mulai awal melbu SMA sampek awakdewe kate lulus UN. Masio awakdewe bedo
sekolah, aku SMAN 10 Lumajang lan Mona SMAN 12 Lumajang, bendinane awakdewe
mesti janjian ning ningsore uwit klampok, cedeke sekolae Mona.
To : Mona
From : Tomi
Sayang, ojok lali yo. Balik sekolah
ketemuan ndek nggen biasa
To :
Tomi
From :
Mona
Iyo
sayang, tapi aku tak tuku cilot sek engkok
Ning ningsore uwit klampok ,
awakdewe mesti crito-crito sembarang kalir, sampek tak terno mulih masio omahe
adoh.
“Wis sore Mon, awakmu gak balik ta?”
takokku, karo ndelok jam tanganku
“ Loh iyo, aku tak sms bapak kale njaok
susul wes” jare Mona
“ Durung njaluk susul toh? “ takokku
maneh
“ Iyo durung, molai maeng asik crito karo awakmu ngunu” jare Mona
“ Yowes ayo tak terno balik, sak dalan
ae” jarene Tomi
“Sak dalan yoopo she, Lah wong umahku
ndek Yoso, omahmu ndek Grati. Yo adoh lah “ jawabe Mona
“ Iyowes, tak terno nang ndi ae. Pokok
awakmu slamet” jareku
Crito sembarang kalir ning ningsore
wit klampok iku nggawe hubunganku karo de.e tambah langgeng. Awakdewe biasane
crito kale nglanjutno seklah neng ndi utowo minggu kesok kale dolan nang endi.
“Arep dolan
nangdi minggu kesok, Mon? “ Takokku nang Mona
“Nang endi a
ewes, pokok karo awakmu “ jarene Mona
Pas aku ringkes-ringkes buku
sekolah,HP-ku nggeder. Nandakno lek ono SMS seng melbu nang HPku
To : Tomi
From
: Mona
Tom,
aku kate ngomong
Ndak koyok biasane Mona ngirim SMS
sesingkat lan secendek iku. Aku mikir, lek Mona nglakukno iku soale paling
maeng bengi tangane kesel utowo kemeng mari ngggarap Laporan Praktikum Kimia.
Aku
langsung nggowo sepeda motorku tekok parkiran nang nggen biasane aku karo Mona
ketemuan, ning ningsore uwit klampok cedek SMAN 17 Lumajang, sekolahane Mona.
Sakwise
aku tutuk ndek kunu,
“Tom, aku kale
ngomong something “ jare Mona
“Hahaha,
kemenggres awakmu sayang “ jawabku guyon
“Aku gak gelem
guyon, rungokno aku “ balese Mona
“Ono opo se, serius
temen, santé wae saiki nganti saklawase “ jareku
“Ojok nyeluk aku
sayang maneh, mulai saiki nganti saklawase” jare Mona
“Loh ono opo ? “
takokku
“ Ngene lho,
awakmu wero kan yen awak dewe iki beda agama. Aku wero yen ning islam agamaku,
pacaran iku gak diolehi, opomaneh bedo agama, aku yo yakin pasti ning agamamu
yo onok masio bedo. Aku mikir yen kudune aku gak nerimo awakmu, pas awakmu
nembak aku. Aku yo mikir yen kudune awakdewe iki focus UN, gak pacaran ae. Dadi
intine, aku pingin awakdewe putus “ jare Mona
Emboh ono opo, langit sing awale
cerah lan apik, moro-moro ganti mendung lan udan sak deres-deres e, persis kaya
atiku pas Mona ngejak putus
Atiku rasane puklek lan mrengkel
sakwise Mona ngomong ngunu. Masio, opo sing diomong Mona yo bener lan ono ing
kitabku. Tapi, aku yakin lek Mona iku My
true love.
Tapi,
opo iyo True love iku koyok critku
karo Mona?
Crito cintaku sing terhalang agama ?
Terus, endi jarene uwong lek
perbedaan iso karo Cinta ?
Akal sehatku gaiso nrimo kedadean
iki sak cepet ngene

Komentar
Posting Komentar